AJA KAYA KONON
oleh. Dev. 2013 silam,
Kaya
biasae ning waktu sore wong wadon pada midang bari ngenteni wong kriditan,
kesawang sing kadowan ana Bi Warniti (Mey Melyna Afkha),
Bi Sajem (Nasikhah), Bi Katem (Nichlah) lan Bi Siwen (Novi Fitriyani).
Bi
Warniti : Bi lakine pekara mekaya
apa sih?
Bi
Siwen : Ya tiang tanos lakie kita
mah Bi, balik sore bae enggal dinae.
Bi
Warniti : Ohw, bokat kuh tiang
listrik, pantes…
Bi
Siwen : Pantes priwen Bi?
Bi
Warniti : Jare lakine kita, lakine
pekara kuh, jarang sembayang Bi.
Bi
Sajem : Sing bener ga Bi, wong
mlarat bae beli gelem sembayang?
Bi Siwen : Aja pada lancang ga Bi lah, kuen ta
urusane dewek-dewek ora, arep sembayang arep beli, aja melu-melu maning!
Bi Sajem : Ya ora, sampean sing dadi rabine
diwarai beli Bi.
Bi Siwen : Enggal dina Bi…., kita marai laki kon
sembayang kuh, sampe muntuk cangkeme!
Bi
Warniti : Duh, ilokan keder mikiri
uwong ku ya, wis mlarat ora gelem sembayang pisan!
Bi Katem : Aja keder-keder Bi, biasae mengkonon
kuh awit cilike didikane salah, sangkane dadi wong tua kudu pinter ndidik anak.
Bi Sajem : Pekara
wis marek ning Kyai atau ustad durung bi, ya takon-takon priwen solusi sing
bagus?
Bi Siwen : Keder ga Bi, werua dewek para Kyai
ning desa kita kih wis pada ndingin kabeh, sementara anak putue kita bloon-bloon
beli gelem ngaji... pisan.
Bi Katem : Iya bener, engko kepriwen ...
kehidupane anak putue kita kabeh kuh ya?, langka sing mbimbing, terutama enggir
elore umahe kita lah, garing ... langka sing sembayang bocah enome, Ya Allah ..
putek baka ndeleng kondisi desae kita sekien kih
Bi Warniti : Iya, kita selaku wong tua kudu sadar
ning hal mengkenen kih, kudu diluru dalane nang anak putue kita kabeh,
MasyaAllah ..., lamon anak blangsak wong tua sing kesiksa dunya akhirat bi!
Bi Sajem : Temenan Bi..., ika Kaji Darkam
winginane mati nabarak tiang tlepon, ngelamun nunggang motor, gara-gara apa?
Gara-gara mikiri anake sing blegadud.
Bi Katem : Ih masih mending Bi..., Kaji Lamsijan
mati ketelak endas ayam!
Bi Sajem : Kuen si priyen? Endas ayame manjing-manjing kuh?
Bi Katem : Lagi mangan, kaget oli kabar anake
teler ning pinggir jembatan!
Bi Siwen : Ora gah!, kita tah ora sanggup, mati
mikiri laki kuh, tek pospit bae ambir modar baka masih beli sembayang!
Bi Katem : Lah aja kaya konon bi, lakie
mati sapa sing openi pekara karo anak?
Bi Siwen : Luru maning! Wis blesak, guteng,
mlarat ora gelem ngibadah pisan!
Bi Katem : Lah, si gelem ning kawin?
Bi Siwen : Ya embu, bokat ta ning pelet kitae,
Bi Warniti : Ning pelet karo apa bi?
Bi Siwen : Karo Gulkol! Ya embu temen lah, wis
gah, aja mbahas-mbahas kuen maning!
Bi Sajem : Ya wis, ayu gah pada balik, ambir
gelis pragat masake, pengen adus kitae gah?
Bi Katem : Dadi sing mau slantang-slunteng mambu
walang sangit, pekara ya bi?
Bi Sajem : Dladap pekara lu Bi!
Bi Warniti : Wis ayu..., pada balik....
0 Comments