Drama "Urip Ora Berkah"


Drama Urip Ora Berkah
by. Dev 2014



Kaji Rungkem         : Milkiyah
Dumini                   : Fitriyani
Rasitem                  : Meli Ameliah

Dumini            : Ji, laki ne pekara jare doyan sawer, lewane apa?
Kaji Rungkem  : Ya embu temen ka Dum, diomongi enggal dina ika, beli sawer bae pasang togel gah enggal minggu.
Dumini            : Idih aih sira idih! Si pekara ning kawin wong lanang mengkonon gelem bae? Ora sembayang Istikhoroh dingin ta?
Kaji Rungkem  : Iya Dum, ketumplek blek demene ning lakie kita kuh, keder gah! kayae ning kemat semar mencot mbu apa? kesawang ning mata ku garang ….. bae enggal dinae ngilwati Sahruk Khan …
Rasitem          : Embu ..gah, ireng geteng kaya Ula Dumung bae,
Kaji Rungkem  : Ngomong apa pekara Bi?
Rasitem          : Aih ora Ji, tanggae kita wingi kecokot ngula dumung,
Dumini            : Eh Ji, apa sih jeh alesane lakine pekara seneng bae ning sawer?
Kaji Rungkem  : Jare tah pengen disebut-sebut arane ning biduwan, mengkanan kah: mamae Roni mamae Roni bos Araban.., padahal duite kita, deweke mlarat kana, dunya e sing kita kabeh, sawah deke kita, motor deke kita, sandangan sing kita, balik sing ngarab ledis duite laka kabeh!
Rasitem          : Lah, ari pengen ning sebut arane tah nyumbang bae ning Mesjid. Seketewu gah ning sebut arane, ning hadiahi Patekah turane!
Dumini            : Sodaqoh mengkonon kuh kehukuman Riya ta beli sih?
Rasitem          : Ya embuh temen lah Ora ngerti! Daripada sawer daripada Togel laka berkahe ning urip!
Dumini            : Iya ya Bi? Duit sing Togel lamon diempakaken nganak rabi, duh masyaAllah…,nangudzubillah min dzalik…, Ya wis gah Ji, kitae balik arep adang!
Rasitem          : Bi Dumini, apa sih lakine pekara ora miang meng sawah biasa gah bareng karo my bab (lakie kita)?
Dumini            : Ana ngumah Bi, lagi nggerem-nggerem ning kamer, wingi ke Pacul wentise, saking sasae pengen tandur maning! Ya wis ayu gah balik Bi,
Rasitem          : Ayu!
Reactions

Post a Comment

0 Comments