DRAMA (Aja Kaya Konon)

AJA KAYA KONON
oleh. Dev. 2013 silam,
 
Kaya biasae ning waktu sore wong wadon pada midang bari ngenteni wong kriditan, kesawang sing kadowan ana Bi Warniti (Mey Melyna Afkha), Bi Sajem (Nasikhah), Bi Katem (Nichlah) lan Bi Siwen (Novi Fitriyani).

Bi Warniti       : Bi lakine pekara mekaya apa sih?
Bi Siwen         : Ya tiang tanos lakie kita mah Bi, balik sore bae enggal dinae.
Bi Warniti       : Ohw, bokat kuh tiang listrik, pantes…
Bi Siwen         : Pantes priwen Bi?
Bi Warniti       : Jare lakine kita, lakine pekara kuh, jarang sembayang Bi.
Bi Sajem          : Sing bener ga Bi, wong mlarat bae beli gelem sembayang?
Bi Siwen         : Aja pada lancang ga Bi lah, kuen ta urusane dewek-dewek ora, arep sembayang arep beli, aja melu-melu maning!
Bi Sajem         : Ya ora, sampean sing dadi rabine diwarai beli Bi.
Bi Siwen         : Enggal dina Bi…., kita marai laki kon sembayang kuh, sampe muntuk cangkeme!
Bi Warniti       : Duh, ilokan keder mikiri uwong ku ya, wis mlarat ora gelem sembayang pisan!
Bi Katem        : Aja keder-keder Bi, biasae mengkonon kuh awit cilike didikane salah, sangkane dadi wong tua kudu pinter ndidik anak.
Bi Sajem         : Pekara wis marek ning Kyai atau ustad durung bi, ya takon-takon priwen solusi sing bagus?
Bi Siwen         : Keder ga Bi, werua dewek para Kyai ning desa kita kih wis pada ndingin kabeh, sementara anak putue kita bloon-bloon beli gelem ngaji... pisan.
Bi Katem        : Iya bener, engko kepriwen ... kehidupane anak putue kita kabeh kuh ya?, langka sing mbimbing, terutama enggir elore umahe kita lah, garing ... langka sing sembayang bocah enome, Ya Allah .. putek baka ndeleng kondisi desae kita sekien kih
Bi Warniti       : Iya, kita selaku wong tua kudu sadar ning hal mengkenen kih, kudu diluru dalane nang anak putue kita kabeh, MasyaAllah ..., lamon anak blangsak wong tua sing kesiksa dunya akhirat bi!
Bi Sajem         : Temenan Bi..., ika Kaji Darkam winginane mati nabarak tiang tlepon, ngelamun nunggang motor, gara-gara apa? Gara-gara mikiri anake sing blegadud.
Bi Katem        : Ih masih mending Bi..., Kaji Lamsijan mati ketelak endas ayam!
Bi Sajem         : Kuen si priyen?  Endas ayame manjing-manjing kuh?
Bi Katem        : Lagi mangan, kaget oli kabar anake teler ning pinggir jembatan!
Bi Siwen         : Ora gah!, kita tah ora sanggup, mati mikiri laki kuh, tek pospit bae ambir modar baka masih beli sembayang!
Bi Katem        : Lah aja kaya konon bi, lakie mati sapa sing openi pekara karo anak?
Bi Siwen         : Luru maning! Wis blesak, guteng, mlarat ora gelem ngibadah pisan!
Bi Katem        : Lah, si gelem ning kawin?
Bi Siwen         : Ya embu, bokat ta ning pelet kitae,
Bi Warniti       : Ning pelet karo apa bi?
Bi Siwen         : Karo Gulkol! Ya embu temen lah, wis gah, aja mbahas-mbahas kuen maning!
Bi Sajem         : Ya wis, ayu gah pada balik, ambir gelis pragat masake, pengen adus kitae gah?
Bi Katem        : Dadi sing mau slantang-slunteng mambu walang sangit, pekara ya bi?
Bi Sajem         : Dladap pekara lu Bi!
Bi Warniti       : Wis ayu..., pada balik....
Reactions

Post a Comment

0 Comments